Postingan

Menampilkan postingan dari Desember, 2024

Silsilah RATU KENCONO KUDUS

Gambar
 Silsilah RATU KENCONO KUDUS Putri Kanjeng Adipati Tirtokusumo Bupati Kudus.  Garwa prameswari Sinuwun Amangkurat Jawi, narendra Mataram Kartasura tahun 1719 - 1726. 1.Prabu Brawijaya V raja Majapahit + Ratu Cempha.  2.Raden Patah Syah Alam Akbar, raja Demak Bintara + Ratu Mas Panggung Ampeldenta, Wali Sanga ing tlatah Surabaya.  3.Pangeran Kusen Cokrokusumo, Bupati Sumenep Madura. Nurunaken Adipati Cakraningrat, Bupati Pamekasan.  4.Pangeran Ngudung Kusumodilogo, Senapati Sultan Trenggana. + Ratu Mas Katambung. Nurunaken Bupati Lasem Rembang.  5.Pangeran Poncowati Bupati Demak. + Raden Ajeng Sulastri putri Ki Ageng Kebo Kenanga Pengging. Rayi Joko Tingkir utawi Sultan Hadiwijaya, raja Kraton Pajang.  6.Pangeran Demang Sabrang Malaka Nahkodha dagang Johor Tamasek Singapura. + Tengku Nur Hasanah Pasai, rayi Pangeran Hadirin garwa Ratu Kalinyamat.  7.Pangeran Rajungan Bahita, Pangarsa Pelabuhan Tanjung Perak Surabaya. Nurunaken Pangeran Pekik garwa ...

BAB XIX PAKASA PANG KEBUMEN

Gambar
 BAB XIX PAKASA PANG KEBUMEN 1. Pucung Kebak purun priyagung Kutha Winangun, Kanjeng Hanggawangsa,  Sugih wasis emas picis,  Arumbinang Bupati Kebumen kondhang.  2. Gambuh Kutha praja binangun,  Gawe gumun yasa kraton wangun,  Dhawuh dalem Sunan Paku Buwana kaping Dwi,  Pinuju lamun kadulu,  Megah endah cerak adoh.  3. Mijil Sinuwun Paku Buwana katri,  Lumintir keprabon,  Amisuda Bupati Kebumen,  Hanggawangsa jumeneng dipati, Arumbinang nami,  Darajat tumurun.  4. Pangkur Kori gladhak pamurakan,  Alun alun pagelaran sitinggil,  Nuli bale angun angun,  Gapura kamandungan,  Lawang mangu balerata wusnya nemu,  Marcukundha Smarakata,  Wong Kebumen sru anganggit.  5. Maskumambang Pakasa Kebumen mbudidaya aglis,  Babad Kraton Surakarta,  Nama wajib amarisi,  Labuh labet para nata.  6. Megatruh Pancen luwung  sinawung luwang tan liwung,  Wekasan nata negari,...

BAB XXI PAKASA PANG BLORA

Gambar
 BAB XXI PAKASA PANG BLORA Gambuh 1.  Blora tlatah misuwur, Wus cinatur alam sarwa luhur, Watu gamping ibarat emas sinangkling, Lenga mili kadya banyu, Pari gaga subur awoh. 2.  Patut peksi perkutut, Lamun manggung lumrah yen ginunggung, Kayu jati kanugrahan edi peni, Jagad Blora pancen makmur, Padhange tambah sumorot. 3. Guyub rukun kadulu, Suka sukur saben siyang dalu, Kutha desa sami gumregut makarti, Sandhang pangan papan cukup, Blora sangsaya mencorong. 4. Jumangkah bahu suku, Sinengkuyung lantiping panemu, Warga Blora tata titi tatas titis, Karsa tatag karya tutug, Nyambut gawe gotong royong. Pangkur 1. Sejarah Bupati Blora, Lajur lajer Prabu Hadi Hanyakrawati, Narendra Mataram agung, Tedhaking Kraton Pajang, Kang ber bandhu ber bandha murih rahayu, Watak wantu wicaksana, Momong Ki Ageng Penjawi. 2. Asma prameswari nata, Nimas Banuwati putri merbawani,  Kusuma rembesing madu,  Wiji amaratapa,  Turas ratu Jaka Tingkir kebak ilmu,  Trah Dipati Daya...

BAB XXI PAKASA PANG BLITAR

Gambar
 BAB XXI PAKASA PANG BLITAR 1. Pangkur Blitar ngumandhang kawentar,  Wiwit jaman Karaton Majapahit,  Jeng Sinuwun Hayamwuruk,  Rekyana Gajah Mada,  Patih ulung mrantasi pakaryan luhung,  Mbangun Candi Penataran,  Minangka puja semedi.  2. Pucung Gunung Kelud mranani jiwa kepilut,  Banjir lahar besar,  Awu mabur ing wiyati, Sung nugraha maweh suburing bantala. 3. Gambuh Brawijaya raja gung,  Maca kidung ndhawuhi tetulung,  Majapahit kalis rubeda sesakit,  Suka sukur mring leluhur,  Penataran kapinujon.  4. Mijil Kali Brantas toya banter mili,  Ing saenggon enggon,  Badher tawes dhendheng wader lele,  Welut urang gurameh mujair,  Tiyang Blitar mancing,  Kanggo golek lawuh. 5. Kinanthi Kediri Daha Panjalu,  Kraton Jenggala prayogi,  Sabda Prabu Kameswara,  Ratu Galuh Sekartaji, Tumedhak ing kutha Blitar,  Saperlu rembag negari.  6. Asmarandana Kinucap kraton Kediri,...

BAB XXII PAKASA PANG KEDIRI

Gambar
 BAB XXII PAKASA PANG KEDIRI 1. Dhandhanggula Ngungak jaman kuna kang kawuri,  Pakasa tansah maca sejarah,  Sarasehan aneng bale,  Panji Asmara Bangun,  Palakrama lan Sekartaji,  Pindha mimi mintuna,  Gandheng renteng runtung,  Kinarya kaca benggala, Kakung putri pikantuk tepa palupi,  Suka rena bebrayan.  2. Maskumambang Jayabaya narendra digdaya sakti,  Mandraguna wicaksana,  Mbahu dhendha nyakrawati,  Ber budi bawa laksana.  3. Mijil Putri Kahuripan Dewi Kilisuci,  Cariyos rinaos,  Asring tapa kungkum tapa ngrame,  Ing tembe nglakoni muksa jati,  Pepundhen Kediri,  Mrih hayu rahayu. 4. Sinom Nihan Raden Ajeng Gombak,  Putri Bupati Kediri,  Adipati Cakraningrat,  Minulya kondhang pinilih,  Wanodyayu winasis,  Kebak ngelmu barang kawruh,  Garwa Ranggawarsita,  Mangka pujangga nagari, Surakarta karaton kondhang kaloka.  5. Pangkur Bupati Purbanagara,...

BAB XXIII PAKASA PANG MALANG

Gambar
 BAB XXIII PAKASA PANG MALANG 1. Pucung Mahameru gunung inggil yen kadulu,  Aneng tlatah Malang,  Ngregemeng sundhul wiyati,  Yen cinandra kahyangan junggring saloka. 2. Maskumambang Duking kraton Kahuripan jaman nguni, Tapa brata Airlangga,  Pereng puncak gunung Kawi,  Murih tentreming bawana.  3. Kinanthi Malang minangka sumber tuk,  Kali Brantas mbrebes mili,  Dadi srana tapa brata,  Tapa kungkum tapa ngeli,  Narendra kraton Jenggala,  Mersudi lantiping batin.  4. Pangkur Mertapa putra Jenggala,  Raden Panji semedi puncak ardi, Lenggah sedhakep saluku, Ing arga Penanggungan,  Puncak gunung ing sasmita amrih dunung, Ngerti ngelmu kasampurnan,  Sangkan paraning dumadi.  5. Megatruh Sami ngungun wruh Panji Asmara Bangun,  Miwah garwa Sekartaji,  Semedi muhung manekung,  Manjing wana jurang terbis, Pangajab bakal kelakon.  6. Asmarandana Kameswara gya semedi,  Marikelu munggah pu...

BAB XXIV PAKASA PANG TULUNGAGUN

Gambar
 BAB XXIV PAKASA PANG TULUNGAGUNG 1. Gambuh Priyayi Tulungagung,  Sambang sambung lan tulung tinulung,  Siyang ratri nggilut wulang wuruk Jawi,  Pujangga Surakarta tuhu,  Sastra piwulang winaos. 2. Barang kawruh iku sumbering pituduh,  Serat Jawi kina,  Wulangreh Warni Centhini,  Wedhatama Tripama Paramayoga.  3. Mijil Gelar ringgit sarine dianggit, Kagunan rinaos,  Kapurwan laras slendro pathet nem,  Pathet sanga muni tengah wengi,  Manyura ditabuhi, Mathuk wayah esuk. 4. Kinanthi Tulungagung sampun dunung, Aris aras urup urip,  Wejangan wulang wedharan,  Serat Rama Dewaruci,  Tripama Wiwaha Jarwa Baratayuda sunu wirid.  5. Pangkur Pagelaran seni wayang, Wewayangan dadi lambang ngaurip, Nabuh urut gendhing talu,  Cucur bawuk ngumandhang,  Pareanom lambangsari gya mangungkung,  Sukmailang nuli ayak, Srepeg sampak katon wingit.  6. Asmarandana Sinau alaming pamikir,  Tulungagung myang...

BAB XXV PAKASA PANG GROBOGAN

Gambar
 BAB XXV PAKASA PANG GROBOGAN 1. Mijil Miturut lakuning kali Lusi,  ilining gumrojog,  Saben mangsa tan ana pedhote,  Nlesih jaman kuna kraton Majapahit,  Brawijaya Aji,  Lembu Peteng sunu,  Mantune Ki Tarub. 2. Gambuh Murup Ki Ageng Tarub,  Kanggo ngiyup pamrihe sumurup,  Rasawulan palakrama Syekh Maghribi,  Bupati Tuban satuhu,  Sunan Kalijaga momong.  3. Sinom Joko Tarub Nawangwulan,  Kagungan putri Nawangsih,  Garwane Bondhan Kejawan,  Getas Pendhawa sesiwi, Gegriya Purwodadi,  Saba Sela putranipun,  Putri Rara Kasihan,  Ki Ageng Sela putra Nis,  Pemanahan Senapati ing Mataram. 4. Dhandhanggula Tedhake Juru Martani,  Wonosobo Mandaraka,  Mataram dadya Patihe,  Warangka para ratu, Narendra gung kraton Mentawis,  Kutha Gedhe ing Kerta,  Plered gya sumusul,  Kartasura Surakarta,  Ki Penjawi Rara Kasihan ing Pati,  Waskitha putri Ngerang.  5. Pucung...

BAB XXVI PAKASA PANG DEMAK

Gambar
 BAB XXVI PAKASA PANG DEMAK 1. Dhandhanggula Kasultanan Demak murwakani,  Raden Patah Narpati Sirullah,  Syah Alam Akbar Jene, Sinebut Sultan Jimbun, Wali Sanga kersa ngestreni,  Rajaputra Palembang,  Brawijaya Prabu,  Adipati Arya Damar,  Tanah Jawi Jawa jiwa kang kajawi, Pangarsa tata praja.  2. Pangkur Narendra Demak Bintara,  Prameswari Surenggama pinilih, Nama Kanjeng Ratu Panggung,  Wanita Surabaya,  Putri wali Kanjeng Sunan Ampel tuhu,  Titis wasis wicaksana,  Rinengga luhuring budi.  3. Gambuh Jumeneng Pati Unus,  Bandha bandhu juragan perahu,  Sang narpati sakmadyaning jalanidhi, Mula kulina sinebut,  Nama Pangeran Sabrang Lor.  4. Kinanthi Demak Bintara ngrembuyung,  Sultan Trenggana ing ngarsi, Garwa Ratu Mas Maloka, Putri saking Surabangi,  Bupati tlatah bang wetan,  Tekad utama nyawiji. 5. Sinom Sinar raja putra Demak,  Sunan Prawata rumiyin,  Nimas Ratu Kaliny...

BAB XXVIII PAKASA PANG TEGAL

Gambar
 BAB XXVIII PAKASA PANG TEGAL 1. Pangkur Nata agung ing Mataram,  Kanjeng Sunan Mangkurat Tegalwangi,  Garwa Jeng Ratu Serayu,  Nama Ratu Kencana,  Tegal Arum kawula bekti sadarum,  ing Pakuncen Adiwerna,  Karan pajimatan suci.  2. Mijil Pancurendhang Ajibarang manis,  Sumur mas sumorot,  Pirang pirang jejer gandheng renteng,  Gagas galih mula mulih bandha sugih,  Kutha praja sulih,  Prapteng Bumiayu. 3. Maskumambang Gunung Slamet upacara sung sesaji,  Dimen basuki yuwana,  Pelabuhan Tegalwangi,  Kaloka manca nagara. 4. Kinanthi ilining toya Kali Gung,  Kinarya sesuci dhiri,  Sentana abdi Mataram,  Tapa kungkum tapa ngeli,  Pikukuh jiwa sentosa,  Sangu suwita negari. 5. Gambuh Papane dhahar ngunjuk, Kutha Tegal gathuk ngaso mathuk,  Jangan lodheh bothok teri jangan menir,  Sate soto pepak bumbu,  Lawuh krupuk lonthong opor.  6. Pucung Tempe tahu aneng Tegal siyang...

BAB XXVII PAKASA PANG SEMARANG

Gambar
 BAB XXVII PAKASA PANG SEMARANG 1. Dhandhanggula Prameswari saking Banyumanik,  Putri Kajoran Ratu Kencana,  Peputra Jeng Gusti Puger,  Sri Amangkurat Agung,  Trahing Pajang nyambung Mentawis,  Asmane Raden Drajad,  Krana antuk wahyu,  Dhatulaya cakraningrat,  Kartasura Diningrat jumeneng aji,  Sunan Paku Buwana.  2. Sinom Darma bakti Raden Drajat,  Dhateng raka Rahmat Kuning,  Nama Amangkurat Amral,  Narendra gung Kartawani,  Asale Surabangi,  Ndherek Kencana Serayu,  Mapan kutha Semarang,  Benjang besanan tumuli, Mangkurat Mas mantu watak asih welas.  3. Pangkur Nihan Pangeran Kajoran,  Wirotama sembada ing Semawis,  Pelabuhan Tanjung Emas,  Sentana sugih mblegedhu,  Lenga Bojonegara,  Momong putu Raden Drajat mawi ngelmu,  Turun Pangeran Benawa,  Ngantos jumeneng narpati.  4. Gambuh Puncak gunung Merbabu,  Raden Drajat olah ngelmu laku,  Tap...