BAB XXI PAKASA PANG BLITAR
BAB XXIPAKASA PANG BLITAR
1.
Pangkur
Blitar ngumandhang kawentar,
Wiwit jaman Karaton Majapahit,
Jeng Sinuwun Hayamwuruk,
Rekyana Gajah Mada,
Patih ulung mrantasi pakaryan luhung,
Mbangun Candi Penataran,
Minangka puja semedi.
2.
Pucung
Gunung Kelud mranani jiwa kepilut,
Banjir lahar besar,
Awu mabur ing wiyati,
Sung nugraha maweh suburing bantala.
3.
Gambuh
Brawijaya raja gung,
Maca kidung ndhawuhi tetulung,
Majapahit kalis rubeda sesakit,
Suka sukur mring leluhur,
Penataran kapinujon.
4.
Mijil
Kali Brantas toya banter mili,
Ing saenggon enggon,
Badher tawes dhendheng wader lele,
Welut urang gurameh mujair,
Tiyang Blitar mancing,
Kanggo golek lawuh.
5.
Kinanthi
Kediri Daha Panjalu,
Kraton Jenggala prayogi,
Sabda Prabu Kameswara,
Ratu Galuh Sekartaji,
Tumedhak ing kutha Blitar,
Saperlu rembag negari.
6.
Asmarandana
Kinucap kraton Kediri,
Jangka Prabu Jayabaya,
Tanah Jawa sabukan rel,
Dalane kereta Landa,
Lunga teka ngumbar swara,
Sinebut wahana sepur,
Tiyang Blitar nganthi sabar.
7.
Maskumambang
Bebrayan ing Blitar seneng olah seni,
Pakasa ngreksa kagunan,
Kagem betahing batin,
Nanggap tayub kentrung wayang.

Komentar
Posting Komentar