BAB XXV PAKASA PANG GROBOGAN
BAB XXVPAKASA PANG GROBOGAN
1.
Mijil
Miturut lakuning kali Lusi,
ilining gumrojog,
Saben mangsa tan ana pedhote,
Nlesih jaman kuna kraton Majapahit,
Brawijaya Aji,
Lembu Peteng sunu,
Mantune Ki Tarub.
2.
Gambuh
Murup Ki Ageng Tarub,
Kanggo ngiyup pamrihe sumurup,
Rasawulan palakrama Syekh Maghribi,
Bupati Tuban satuhu,
Sunan Kalijaga momong.
3.
Sinom
Joko Tarub Nawangwulan,
Kagungan putri Nawangsih,
Garwane Bondhan Kejawan,
Getas Pendhawa sesiwi,
Gegriya Purwodadi,
Saba Sela putranipun,
Putri Rara Kasihan,
Ki Ageng Sela putra Nis,
Pemanahan Senapati ing Mataram.
4.
Dhandhanggula
Tedhake Juru Martani,
Wonosobo Mandaraka,
Mataram dadya Patihe,
Warangka para ratu,
Narendra gung kraton Mentawis,
Kutha Gedhe ing Kerta,
Plered gya sumusul,
Kartasura Surakarta,
Ki Penjawi Rara Kasihan ing Pati,
Waskitha putri Ngerang.
5.
Pucung
Turun ratu kulina tindak lelaku,
Lenggah saluku juga,
Nuli mahas ing ngasepi,
Tapa brata ing madyaning wana wasa.
6.
Maskumambang
Wis tinulis gegancangan trah Mentawis,
Mula bukane Grobogan,
Putra wayah angawruhi,
Nyata dharahing kusuma.
7.
Pangkur
Mataram miwah Grobogan,
Wusnya nurunake para narpati,
Utama Ki Ageng Tarub,
Trahing Ki Ageng Sela,
Tur misuwur mangka dharahing ngaluhur,
Ki Ageng Nis Pemanahan,
Panembahan Senapati.

Komentar
Posting Komentar