BAB XXII PAKASA PANG KEDIRI

 BAB XXII
PAKASA PANG KEDIRI




1.

Dhandhanggula


Ngungak jaman kuna kang kawuri, 

Pakasa tansah maca sejarah, 

Sarasehan aneng bale, 

Panji Asmara Bangun, 

Palakrama lan Sekartaji, 

Pindha mimi mintuna, 

Gandheng renteng runtung, 

Kinarya kaca benggala,

Kakung putri pikantuk tepa palupi, 

Suka rena bebrayan. 


2.

Maskumambang


Jayabaya narendra digdaya sakti, 

Mandraguna wicaksana, 

Mbahu dhendha nyakrawati, 

Ber budi bawa laksana. 


3.

Mijil


Putri Kahuripan Dewi Kilisuci, 

Cariyos rinaos, 

Asring tapa kungkum tapa ngrame, 

Ing tembe nglakoni muksa jati, 

Pepundhen Kediri, 

Mrih hayu rahayu.


4.

Sinom


Nihan Raden Ajeng Gombak, 

Putri Bupati Kediri, 

Adipati Cakraningrat, 

Minulya kondhang pinilih, 

Wanodyayu winasis, 

Kebak ngelmu barang kawruh, 

Garwa Ranggawarsita, 

Mangka pujangga nagari,

Surakarta karaton kondhang kaloka. 


5.

Pangkur


Bupati Purbanagara, 

Adipati pangarsa tlatah Kediri, 

Sekartaji putri ayu, 

Garwa Mangkurat Amral,

Putra bagus Mangkurat Mas besus alus, 

Raja agung Kartasura, 

Sumare Gedhong Sentana. 


6.

Pucung


Lagak lagu lageyan patut tiniru, 

Narendra Jenggala, 

Kawula Gusti nyawiji,

Tunggal jiwa cipta rasa karsa karya. 


7.

Kinanthi. 


Pakasa Kediri laju, 

Kumencar budaya seni, 

Ing kutha karang padesan,

Cara kuna den leluri, 

Wejangan tumraping mudha, 

Leluhur pinundhi pudhi

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Silsilah RATU KENCONO KUDUS

BAB XXI PAKASA PANG BLITAR

BAB XXIII PAKASA PANG MALANG