BAB XXI PAKASA PANG BLORA

 BAB XXI
PAKASA PANG BLORA




Gambuh

1. 

Blora tlatah misuwur,

Wus cinatur alam sarwa luhur,

Watu gamping ibarat emas sinangkling,

Lenga mili kadya banyu,

Pari gaga subur awoh.


2. 

Patut peksi perkutut,

Lamun manggung lumrah yen ginunggung,

Kayu jati kanugrahan edi peni,

Jagad Blora pancen makmur,

Padhange tambah sumorot.


3.

Guyub rukun kadulu,

Suka sukur saben siyang dalu,

Kutha desa sami gumregut makarti,

Sandhang pangan papan cukup,

Blora sangsaya mencorong.


4.

Jumangkah bahu suku,

Sinengkuyung lantiping panemu,

Warga Blora tata titi tatas titis,

Karsa tatag karya tutug,

Nyambut gawe gotong royong.


Pangkur


1.

Sejarah Bupati Blora,

Lajur lajer Prabu Hadi Hanyakrawati,

Narendra Mataram agung,

Tedhaking Kraton Pajang,

Kang ber bandhu ber bandha murih rahayu,

Watak wantu wicaksana,

Momong Ki Ageng Penjawi.


2.

Asma prameswari nata,

Nimas Banuwati putri merbawani, 

Kusuma rembesing madu, 

Wiji amaratapa, 

Turas ratu Jaka Tingkir kebak ilmu, 

Trah Dipati Dayaningrat, 

Pengageng ing Bumi Pengging. 


Sinom

1.

Pandam pandom bumi Blora, 

Wulangan wejangan becik, 

Asumber sastra piwulang, 

Reriptan pujangga wasis, 

Wali ing Tanah Jawi, 

Rinumpaka budi hayu, 

Wulangreh wedhatama, 

Rumasuk ing lahir batin, 

Binerkahan kawidadan karaharjan. 


2.

Perbawa kali bengawan, 

Gunung Kendheng banget wingit, 

Anglangkungi tanah Blora, 

Pangawikan manca warni, 

Busana endah asri, 

Dhaharan kinarya suguh, 

Ketrampilan kaprigelan, 

Kanggo sanguning ngaurip, 

Kang kajangkah murih tentreming bebrayan. 


Kinanthi


1.

Pepundhen Ki Ageng Tarub,

Peputra Dewi Nawangsih,

Krama lan Bondhan Kejawan,

Nurunke Ki Ageng Sela,

Tumuli Ki Ageng Ngenis,

Martani lan Pemanahan, 

Panembahan Senapati. 


2.

Kawula Blora binantu,

Saka guru kayu jati,

Wewangunan pagelaran,

Demak Pajang lan Mentawis,

Miwah sedulur Jepara,

Ukiran kang edi peni.


Dhandhanggula


1.

Babad Blora kuna kang winarni,

Wiwit Majapahit Dhatulaya,

Ngejayeng bawana kiye,

Brawijaya Sinuwun,

Mbahu dhendha gung nyakrawati,

Tlatahing nuswantara,

Wusnya tedhak turun,

Kasultanan Demak Pajang,

Binathara ambawani Tanah Jawi,

Lestari ing Mataram.


2.

Kawruhana sejarah bupati,

Setya darma nata bumi Blora,

Mumpuni kasarjanane,

Olah kaprajan putus,

Mangastuti warah pra Wali,

Jalma berag agama,

Pandhita lan ratu, 

Adhedhasar kautaman, 

Wulang wuruk tumrap sagung mudha mudhi, 

Kanggo tepa tuladha.


Pucung


1.

Sagah suguh arah aruh kagen dhayuh,

Tumrap kadang  Blora,

Dhaharan mirasa adi,

Wajik jenang jadah kripik lan rengginang.


2.

Kupat tahu lonthong opor pancen perlu,

Emping madu mangsa,

Lepet karak karuk intip,

Opak rambak kumriyuk rasane enak.


3.

Para tamu lelenggahan mesem ngguyu,

Dhahar sate Blora,

Unjukane wedang kopi,

Tanpa sayah srupat sruput sarwa bungah.


4.

Suka sukur warga Blora pancen makmur,

Cukup sandhang boga,

Rejekine mbanyu mili,

Tur prasaja darma bakti marang praja. 


Blora Mustika


Maju terus pembangunan nagri, 

Unggul kabul kuncara kang ginayuh, 

Sehat lahir kalawan batine,

Tertib rancak tumata tuwin titi premati, 

Indah gawe tentreme rasa, 

Kontinyu tan kendhat kang binudi, 

Aman ayem temah karta raharja, 

Mustika Blora Mustika.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Silsilah RATU KENCONO KUDUS

BAB XXI PAKASA PANG BLITAR

BAB XXIII PAKASA PANG MALANG