BAB XXVI PAKASA PANG DEMAK
BAB XXVIPAKASA PANG DEMAK
1.
Dhandhanggula
Kasultanan Demak murwakani,
Raden Patah Narpati Sirullah,
Syah Alam Akbar Jene,
Sinebut Sultan Jimbun,
Wali Sanga kersa ngestreni,
Rajaputra Palembang,
Brawijaya Prabu,
Adipati Arya Damar,
Tanah Jawi Jawa jiwa kang kajawi,
Pangarsa tata praja.
2.
Pangkur
Narendra Demak Bintara,
Prameswari Surenggama pinilih,
Nama Kanjeng Ratu Panggung,
Wanita Surabaya,
Putri wali Kanjeng Sunan Ampel tuhu,
Titis wasis wicaksana,
Rinengga luhuring budi.
3.
Gambuh
Jumeneng Pati Unus,
Bandha bandhu juragan perahu,
Sang narpati sakmadyaning jalanidhi,
Mula kulina sinebut,
Nama Pangeran Sabrang Lor.
4.
Kinanthi
Demak Bintara ngrembuyung,
Sultan Trenggana ing ngarsi,
Garwa Ratu Mas Maloka,
Putri saking Surabangi,
Bupati tlatah bang wetan,
Tekad utama nyawiji.
5.
Sinom
Sinar raja putra Demak,
Sunan Prawata rumiyin,
Nimas Ratu Kalinyamat,
Ratu Mas Cempaka Putih,
Garwane Joko Tingkir,
Kinocap Pangeran Timur,
Ugi Rangga Jumena,
Jangkane jagad pinesthi,
Winisuda Bupati Madiun purna.
6.
Mijil
Saking Demak dumugi Mentawis,
Kewahyon kedhaton,
Trah ngaluhur renteng rinonce,
Retno Dumilah minangka prameswari,
Raja Senapati,
Ngejayeng Matarum.
7.
Pucung
Jeng Sinuwun Paku Buwana rumuhun,
Ratu Mas Balitar,
Prameswari Kartawani,
Gya amejang lumantar sastra piwulang.

Komentar
Posting Komentar