Postingan

Silsilah RATU KENCONO KUDUS

Gambar
 Silsilah RATU KENCONO KUDUS Putri Kanjeng Adipati Tirtokusumo Bupati Kudus.  Garwa prameswari Sinuwun Amangkurat Jawi, narendra Mataram Kartasura tahun 1719 - 1726. 1.Prabu Brawijaya V raja Majapahit + Ratu Cempha.  2.Raden Patah Syah Alam Akbar, raja Demak Bintara + Ratu Mas Panggung Ampeldenta, Wali Sanga ing tlatah Surabaya.  3.Pangeran Kusen Cokrokusumo, Bupati Sumenep Madura. Nurunaken Adipati Cakraningrat, Bupati Pamekasan.  4.Pangeran Ngudung Kusumodilogo, Senapati Sultan Trenggana. + Ratu Mas Katambung. Nurunaken Bupati Lasem Rembang.  5.Pangeran Poncowati Bupati Demak. + Raden Ajeng Sulastri putri Ki Ageng Kebo Kenanga Pengging. Rayi Joko Tingkir utawi Sultan Hadiwijaya, raja Kraton Pajang.  6.Pangeran Demang Sabrang Malaka Nahkodha dagang Johor Tamasek Singapura. + Tengku Nur Hasanah Pasai, rayi Pangeran Hadirin garwa Ratu Kalinyamat.  7.Pangeran Rajungan Bahita, Pangarsa Pelabuhan Tanjung Perak Surabaya. Nurunaken Pangeran Pekik garwa ...

BAB XIX PAKASA PANG KEBUMEN

Gambar
 BAB XIX PAKASA PANG KEBUMEN 1. Pucung Kebak purun priyagung Kutha Winangun, Kanjeng Hanggawangsa,  Sugih wasis emas picis,  Arumbinang Bupati Kebumen kondhang.  2. Gambuh Kutha praja binangun,  Gawe gumun yasa kraton wangun,  Dhawuh dalem Sunan Paku Buwana kaping Dwi,  Pinuju lamun kadulu,  Megah endah cerak adoh.  3. Mijil Sinuwun Paku Buwana katri,  Lumintir keprabon,  Amisuda Bupati Kebumen,  Hanggawangsa jumeneng dipati, Arumbinang nami,  Darajat tumurun.  4. Pangkur Kori gladhak pamurakan,  Alun alun pagelaran sitinggil,  Nuli bale angun angun,  Gapura kamandungan,  Lawang mangu balerata wusnya nemu,  Marcukundha Smarakata,  Wong Kebumen sru anganggit.  5. Maskumambang Pakasa Kebumen mbudidaya aglis,  Babad Kraton Surakarta,  Nama wajib amarisi,  Labuh labet para nata.  6. Megatruh Pancen luwung  sinawung luwang tan liwung,  Wekasan nata negari,...

BAB XXI PAKASA PANG BLORA

Gambar
 BAB XXI PAKASA PANG BLORA Gambuh 1.  Blora tlatah misuwur, Wus cinatur alam sarwa luhur, Watu gamping ibarat emas sinangkling, Lenga mili kadya banyu, Pari gaga subur awoh. 2.  Patut peksi perkutut, Lamun manggung lumrah yen ginunggung, Kayu jati kanugrahan edi peni, Jagad Blora pancen makmur, Padhange tambah sumorot. 3. Guyub rukun kadulu, Suka sukur saben siyang dalu, Kutha desa sami gumregut makarti, Sandhang pangan papan cukup, Blora sangsaya mencorong. 4. Jumangkah bahu suku, Sinengkuyung lantiping panemu, Warga Blora tata titi tatas titis, Karsa tatag karya tutug, Nyambut gawe gotong royong. Pangkur 1. Sejarah Bupati Blora, Lajur lajer Prabu Hadi Hanyakrawati, Narendra Mataram agung, Tedhaking Kraton Pajang, Kang ber bandhu ber bandha murih rahayu, Watak wantu wicaksana, Momong Ki Ageng Penjawi. 2. Asma prameswari nata, Nimas Banuwati putri merbawani,  Kusuma rembesing madu,  Wiji amaratapa,  Turas ratu Jaka Tingkir kebak ilmu,  Trah Dipati Daya...

BAB XXI PAKASA PANG BLITAR

Gambar
 BAB XXI PAKASA PANG BLITAR 1. Pangkur Blitar ngumandhang kawentar,  Wiwit jaman Karaton Majapahit,  Jeng Sinuwun Hayamwuruk,  Rekyana Gajah Mada,  Patih ulung mrantasi pakaryan luhung,  Mbangun Candi Penataran,  Minangka puja semedi.  2. Pucung Gunung Kelud mranani jiwa kepilut,  Banjir lahar besar,  Awu mabur ing wiyati, Sung nugraha maweh suburing bantala. 3. Gambuh Brawijaya raja gung,  Maca kidung ndhawuhi tetulung,  Majapahit kalis rubeda sesakit,  Suka sukur mring leluhur,  Penataran kapinujon.  4. Mijil Kali Brantas toya banter mili,  Ing saenggon enggon,  Badher tawes dhendheng wader lele,  Welut urang gurameh mujair,  Tiyang Blitar mancing,  Kanggo golek lawuh. 5. Kinanthi Kediri Daha Panjalu,  Kraton Jenggala prayogi,  Sabda Prabu Kameswara,  Ratu Galuh Sekartaji, Tumedhak ing kutha Blitar,  Saperlu rembag negari.  6. Asmarandana Kinucap kraton Kediri,...

BAB XXII PAKASA PANG KEDIRI

Gambar
 BAB XXII PAKASA PANG KEDIRI 1. Dhandhanggula Ngungak jaman kuna kang kawuri,  Pakasa tansah maca sejarah,  Sarasehan aneng bale,  Panji Asmara Bangun,  Palakrama lan Sekartaji,  Pindha mimi mintuna,  Gandheng renteng runtung,  Kinarya kaca benggala, Kakung putri pikantuk tepa palupi,  Suka rena bebrayan.  2. Maskumambang Jayabaya narendra digdaya sakti,  Mandraguna wicaksana,  Mbahu dhendha nyakrawati,  Ber budi bawa laksana.  3. Mijil Putri Kahuripan Dewi Kilisuci,  Cariyos rinaos,  Asring tapa kungkum tapa ngrame,  Ing tembe nglakoni muksa jati,  Pepundhen Kediri,  Mrih hayu rahayu. 4. Sinom Nihan Raden Ajeng Gombak,  Putri Bupati Kediri,  Adipati Cakraningrat,  Minulya kondhang pinilih,  Wanodyayu winasis,  Kebak ngelmu barang kawruh,  Garwa Ranggawarsita,  Mangka pujangga nagari, Surakarta karaton kondhang kaloka.  5. Pangkur Bupati Purbanagara,...

BAB XXIII PAKASA PANG MALANG

Gambar
 BAB XXIII PAKASA PANG MALANG 1. Pucung Mahameru gunung inggil yen kadulu,  Aneng tlatah Malang,  Ngregemeng sundhul wiyati,  Yen cinandra kahyangan junggring saloka. 2. Maskumambang Duking kraton Kahuripan jaman nguni, Tapa brata Airlangga,  Pereng puncak gunung Kawi,  Murih tentreming bawana.  3. Kinanthi Malang minangka sumber tuk,  Kali Brantas mbrebes mili,  Dadi srana tapa brata,  Tapa kungkum tapa ngeli,  Narendra kraton Jenggala,  Mersudi lantiping batin.  4. Pangkur Mertapa putra Jenggala,  Raden Panji semedi puncak ardi, Lenggah sedhakep saluku, Ing arga Penanggungan,  Puncak gunung ing sasmita amrih dunung, Ngerti ngelmu kasampurnan,  Sangkan paraning dumadi.  5. Megatruh Sami ngungun wruh Panji Asmara Bangun,  Miwah garwa Sekartaji,  Semedi muhung manekung,  Manjing wana jurang terbis, Pangajab bakal kelakon.  6. Asmarandana Kameswara gya semedi,  Marikelu munggah pu...

BAB XXIV PAKASA PANG TULUNGAGUN

Gambar
 BAB XXIV PAKASA PANG TULUNGAGUNG 1. Gambuh Priyayi Tulungagung,  Sambang sambung lan tulung tinulung,  Siyang ratri nggilut wulang wuruk Jawi,  Pujangga Surakarta tuhu,  Sastra piwulang winaos. 2. Barang kawruh iku sumbering pituduh,  Serat Jawi kina,  Wulangreh Warni Centhini,  Wedhatama Tripama Paramayoga.  3. Mijil Gelar ringgit sarine dianggit, Kagunan rinaos,  Kapurwan laras slendro pathet nem,  Pathet sanga muni tengah wengi,  Manyura ditabuhi, Mathuk wayah esuk. 4. Kinanthi Tulungagung sampun dunung, Aris aras urup urip,  Wejangan wulang wedharan,  Serat Rama Dewaruci,  Tripama Wiwaha Jarwa Baratayuda sunu wirid.  5. Pangkur Pagelaran seni wayang, Wewayangan dadi lambang ngaurip, Nabuh urut gendhing talu,  Cucur bawuk ngumandhang,  Pareanom lambangsari gya mangungkung,  Sukmailang nuli ayak, Srepeg sampak katon wingit.  6. Asmarandana Sinau alaming pamikir,  Tulungagung myang...