BAB XXIII PAKASA PANG MALANG
BAB XXIIIPAKASA PANG MALANG
1.
Pucung
Mahameru gunung inggil yen kadulu,
Aneng tlatah Malang,
Ngregemeng sundhul wiyati,
Yen cinandra kahyangan junggring saloka.
2.
Maskumambang
Duking kraton Kahuripan jaman nguni,
Tapa brata Airlangga,
Pereng puncak gunung Kawi,
Murih tentreming bawana.
3.
Kinanthi
Malang minangka sumber tuk,
Kali Brantas mbrebes mili,
Dadi srana tapa brata,
Tapa kungkum tapa ngeli,
Narendra kraton Jenggala,
Mersudi lantiping batin.
4.
Pangkur
Mertapa putra Jenggala,
Raden Panji semedi puncak ardi,
Lenggah sedhakep saluku,
Ing arga Penanggungan,
Puncak gunung ing sasmita amrih dunung,
Ngerti ngelmu kasampurnan,
Sangkan paraning dumadi.
5.
Megatruh
Sami ngungun wruh Panji Asmara Bangun,
Miwah garwa Sekartaji,
Semedi muhung manekung,
Manjing wana jurang terbis,
Pangajab bakal kelakon.
6.
Asmarandana
Kameswara gya semedi,
Marikelu munggah puncak arga,
Anglangkungi turut pereng,
Sesarengan ingkang garwa,
Jeng Galuh Candra Kirana,
Srana semedi anggayuh,
Mapan gunung Anjasmara.
7.
Gambuh
Wani sabarang Kewuh,
Amangkurat Amral tanggap tangguh,
Sung palupi tumrap mitra kadang tani,
Sampun purun nggarap kebun,
Gotong royong lan bang kulon.

Komentar
Posting Komentar