BAB XXIV PAKASA PANG TULUNGAGUN
BAB XXIVPAKASA PANG TULUNGAGUNG
1.
Gambuh
Priyayi Tulungagung,
Sambang sambung lan tulung tinulung,
Siyang ratri nggilut wulang wuruk Jawi,
Pujangga Surakarta tuhu,
Sastra piwulang winaos.
2.
Barang kawruh iku sumbering pituduh,
Serat Jawi kina,
Wulangreh Warni Centhini,
Wedhatama Tripama Paramayoga.
3.
Mijil
Gelar ringgit sarine dianggit,
Kagunan rinaos,
Kapurwan laras slendro pathet nem,
Pathet sanga muni tengah wengi,
Manyura ditabuhi,
Mathuk wayah esuk.
4.
Kinanthi
Tulungagung sampun dunung,
Aris aras urup urip,
Wejangan wulang wedharan,
Serat Rama Dewaruci,
Tripama Wiwaha Jarwa
Baratayuda sunu wirid.
5.
Pangkur
Pagelaran seni wayang,
Wewayangan dadi lambang ngaurip,
Nabuh urut gendhing talu,
Cucur bawuk ngumandhang,
Pareanom lambangsari gya mangungkung,
Sukmailang nuli ayak,
Srepeg sampak katon wingit.
6.
Asmarandana
Sinau alaming pamikir,
Tulungagung myang gagasan,
Prayogi den arah asale,
Kraton Medhang Kahuripan,
Kediri Daha Jenggala,
Singosari Majalengka,
Demak Pajang lan Metarum,
Kartasura Surakarta.
7.
Megatruh
Pasuwitan kabudayan Jawa perlu,
Piranti srana ngleluri,
Sagung warga Tulungagung,
Seneng gladhen nanggap seni,
Alon alon waton klakon.

Komentar
Posting Komentar