BAB XIX PAKASA PANG KEBUMEN

 BAB XIX
PAKASA PANG KEBUMEN




1.

Pucung


Kebak purun priyagung Kutha Winangun,

Kanjeng Hanggawangsa, 

Sugih wasis emas picis, 

Arumbinang Bupati Kebumen kondhang. 


2.

Gambuh


Kutha praja binangun, 

Gawe gumun yasa kraton wangun, 

Dhawuh dalem Sunan Paku Buwana kaping Dwi, 

Pinuju lamun kadulu, 

Megah endah cerak adoh. 


3.

Mijil


Sinuwun Paku Buwana katri, 

Lumintir keprabon, 

Amisuda Bupati Kebumen, 

Hanggawangsa jumeneng dipati,

Arumbinang nami, 

Darajat tumurun. 


4.

Pangkur


Kori gladhak pamurakan, 

Alun alun pagelaran sitinggil, 

Nuli bale angun angun, 

Gapura kamandungan, 

Lawang mangu balerata wusnya nemu, 

Marcukundha Smarakata, 

Wong Kebumen sru anganggit. 


5.

Maskumambang


Pakasa Kebumen mbudidaya aglis, 

Babad Kraton Surakarta, 

Nama wajib amarisi, 

Labuh labet para nata. 


6.

Megatruh


Pancen luwung  sinawung luwang tan liwung, 

Wekasan nata negari, 

Ing Gombong wakil gubernur, 

Karana kersa ngleluri, 

Trah Kebumen kewahyon. 



7.

Kinanthi


Nak tumanak run tumurun, 

Guna kaya wasis aris, 

Kebumen nggennya makarya, 

Drajat pangkat semat ugi, 

Kumrembyahing suku asta,

Nenular mring wayah siwi.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Silsilah RATU KENCONO KUDUS

BAB XXI PAKASA PANG BLITAR

BAB XXIII PAKASA PANG MALANG