BAB XXVIII PAKASA PANG TEGAL
BAB XXVIIIPAKASA PANG TEGAL
1.
Pangkur
Nata agung ing Mataram,
Kanjeng Sunan Mangkurat Tegalwangi,
Garwa Jeng Ratu Serayu,
Nama Ratu Kencana,
Tegal Arum kawula bekti sadarum,
ing Pakuncen Adiwerna,
Karan pajimatan suci.
2.
Mijil
Pancurendhang Ajibarang manis,
Sumur mas sumorot,
Pirang pirang jejer gandheng renteng,
Gagas galih mula mulih bandha sugih,
Kutha praja sulih,
Prapteng Bumiayu.
3.
Maskumambang
Gunung Slamet upacara sung sesaji,
Dimen basuki yuwana,
Pelabuhan Tegalwangi,
Kaloka manca nagara.
4.
Kinanthi
ilining toya Kali Gung,
Kinarya sesuci dhiri,
Sentana abdi Mataram,
Tapa kungkum tapa ngeli,
Pikukuh jiwa sentosa,
Sangu suwita negari.
5.
Gambuh
Papane dhahar ngunjuk,
Kutha Tegal gathuk ngaso mathuk,
Jangan lodheh bothok teri jangan menir,
Sate soto pepak bumbu,
Lawuh krupuk lonthong opor.
6.
Pucung
Tempe tahu aneng Tegal siyang dalu,
Jangkepe dhaharan,
Rasa nikmat enak gurih,
Kang prasaja sanak sedulur gembira.
7.
Asmarandana
Gemah ripah loh jinawi,
Pasir wukir punjung panjang,
Tata harja kawulane,
Murah sandhang pangan papan,
Ngesthi endahing kagunan,
Gumun ngungun Tegal Arum,
Wus mupangat kalokengrat

Komentar
Posting Komentar