BAB XXVII PAKASA PANG SEMARANG
BAB XXVIIPAKASA PANG SEMARANG
1.
Dhandhanggula
Prameswari saking Banyumanik,
Putri Kajoran Ratu Kencana,
Peputra Jeng Gusti Puger,
Sri Amangkurat Agung,
Trahing Pajang nyambung Mentawis,
Asmane Raden Drajad,
Krana antuk wahyu,
Dhatulaya cakraningrat,
Kartasura Diningrat jumeneng aji,
Sunan Paku Buwana.
2.
Sinom
Darma bakti Raden Drajat,
Dhateng raka Rahmat Kuning,
Nama Amangkurat Amral,
Narendra gung Kartawani,
Asale Surabangi,
Ndherek Kencana Serayu,
Mapan kutha Semarang,
Benjang besanan tumuli,
Mangkurat Mas mantu watak asih welas.
3.
Pangkur
Nihan Pangeran Kajoran,
Wirotama sembada ing Semawis,
Pelabuhan Tanjung Emas,
Sentana sugih mblegedhu,
Lenga Bojonegara,
Momong putu Raden Drajat mawi ngelmu,
Turun Pangeran Benawa,
Ngantos jumeneng narpati.
4.
Gambuh
Puncak gunung Merbabu,
Raden Drajat olah ngelmu laku,
Tapa ngebleng tapa ngrame pati geni,
Tapa ngeli tapa kungkum,
Tapa ngidang tapa ngalong.
5.
Megatruh
Ratu Balitar trah Bupati Madiun,
Mulang ngelmu gelis wasis,
Babad Kandha serat Yusup,
Ambiya lan Sulkarnain,
Prayoga lamun winaos.
6.
Maskumambang
Pawiyatan Salatiga Banyumanik,
Tata praja subasita,
Petung pasar ngelmu bumi,
Sagung kawula Mataram.
7.
Pucung
Ajar prahu dagang layar pancen perlu,
Mranata nagara,
Rajabrana emas picis,
Trah Semarang arum kuncara ngumandhang.

Komentar
Posting Komentar